Header Ads

DEDES #1 ( cerbung basa banyumasan karyane siwi sang )

DEDES. Pokoken angger awakmu wis ora kena deomongi inyong maning, angger omongane inyong wis ora masah nang awakmu, angger awakmu tetep agep niat mangkat embret ngadu nasib maring luwar negri dadi tekawe apa be em i, yawis konoh, inyong bismillah demi alloh, Awakmu tek pegat, awake dewek wis ora ana sangkutan tali katresnan. Wis konoh bodoa awakmu gole agep mlaku ngoyok sing jenenge duwit. Titeni bae. Nalika ngesuk ngemben awakmu siap mabur maring saudi apa maring negara luwar ngendi, nalika kuwe awake dewek wis ora ana hubungan apa apa. Inyong iklas. Demi alloh iklas. Inyong tresna pisan maring awakmu. Ning tresna kuwe bisa ilang nalika awakmu wis ora kena deomongi inyong maning"

Dedes ati lan pikirane nglawung ngawung awung mabur maring wektu sing wis kepungkur sing wis deliwati limang wulan gemien. Nalika kuwe wong sing dadi gandulane ati wong sing banget detresnani ora denyana babar pisan bisa ngetokena pengomongan kaya kae. Pengomongan sing ora tedeng aling aling. Pengomongan blakasuta. Deweke agep depegat angger kosih lunga embret maring luwar negeri.

Ijig ijig Dedes atine sing paling jero krasa kelara lara kelunta lunta lewih kelara lara lewih kelunta luntane wong sing detinggal mati biyung bapa.

Kepriwe lora kelara lara kelunta lunta. Ingatase rasa tresna sing wis detanjebaken jero pisan nang ati, kudu debedul seoyod oyode. Sing mbedul wong lanang sing siji sijine banget detresnani.

"Banjutan siki inyong kudu kepriwe? Inyong kepengin pisan lunga mabur maring luwar negeri ngadu nasib golet duwit seakeh akeeh. Inyong kepengin pisan nyenengena keluwarga. Kepengin pisan mbungahena atine wong tuwa. Tekan siki inyong ngrasa urung bisa aweh apa apa maring biyunge inyong ya wong tuwa sing gari siji sijine til. Inyong uga kepengin nyenengena uripe inyong dewek kiye bene kaya wong wong kae sing uripe pada kepenak kecukupan apa bae sing dadi kepenginane. Inyong kepengin golet duwit maring luwar negeri sing jere batir batir kae nang kana pancen kepenak ngumpulena duwit akeh. Ning inyong siki banjutan agep kepriwe? Inyong agep depegat angger kosih mbedal lunga mabur maring luwar negeri. Duh Gusti."

#####

BERSAMBUNG